LIBURAN SEMESTER”



Naliko liburan semester ganjil aku dolan nang pantai JOLOSUTRO,aku dolan bareng karo keluarga ku lan dulor ku.aku budal nang pantai isuk jam08.00 isuk rombongan numpak mobil pribadi,sak dawane dalan nek jero mobil podo guyon guyon karo keluarga,nyampek pantai sekitar jam 10.13WIB.nok pantai aku due dulor dadi teko langsung jujok nang omahe dulorku nok kono.
“assalamualaikum” ujar ku......
“waalaikum salam” pak lek...
“piye pek lek kabare jenengan teng mriki...?”
“Alhamdulillah lee apik,sehat”....
“Awak mu nok kono piye lee sehat...?”
“Alhamdulillah pak lek sehat...”
“sak niki usume nopo pak lek teng mriki...?”
“Ndek kene usume urang lee lek sak iki,wes wayahe panen kabeh.ndek kene urange gede-gede ora koyok urang nek kuto.Ndek kene urange urang tambak banyu tawar guduk urang segora dadi urange gede-gede.”
“owalaaah......ngoten to pak lek.Galeh ten pundi pak lek kok boten ketemu kulo...?”
“mboh lee nandi ki mau...?mau onok omah kok lee.paleng manceng mbek kancane nang segoro.”
“ Ohhhh...ngoten to.’
Sak wise kuwi aku ngejak bapak ibu mlaku-mlaku dolang nang pantai bareng dulorku.pantai karo omahe pak lek ora pati adoh soale,dadi mlaku iku lueh enak iso menikmati suasana pantai Jolosutro seng urong tercemar polusi udara.sak dawane dalan mlaku nag pantai aku kepetuk asu Bull dog,aku belayu keweden mergo asu kewi gede banget ora koyo asu lumrahe.ungtung ae asu iku gak nguber mergo aku blayu,ngono kuwi aku malah di guyu dulor ku mergo aku wedi asu kuwi Mau.
Naliko aku wes teko nok pantai aku langsung foto-foto karo kluarga ku nok gone spot seng apik.terus mlaku-mlaku nang pinggire pantai karo ngrasakne banyu segoro seng adem lan asin,aku karo dulor ku ados renang nok pantai.naliko renang aku kleru ngombe banyu segoro beh rasane jan asin puol.aku dolan nang pantai selama 3 jam mari ngono aku mbalek nang omahe pak lek ku,nok kono aku rijik-rijik ados terus mangan.
kepungkur iku aku trs turu sampek sore teros muleh jam 18.00 teko omah aku jam 20.00 pas,sak wis e rijik-rijik aku terus turu kesel mergo sedino mlaku-mlaku sampek towok.wes iku seng iso tak gawe crito naliko liburan semester ganjil.onok salah hilaf jalok sepuro seng akeh.


                      “MATUR SUON”
Nama:-Prof.Dr IMRON S.pd. M.pd
Kelas:-XII(Dua Belas)

 


Komentar