Udan Wengi


Nama: Anita Dewi Nur Handayani
Kelas: XII
Mapel: Basa Jawa

Ing sak jeroning wengi aku lungguh nang kursi. Nyekel buku ono ing tangan ngroso ono howo panas. Rasane sumuk ra karuan, moro aku ndeleng langit werno abu – abu moro ono kilat nyambar lemah. Sakjek kaget atiku dadakne howo panas kui  roso sumuk sak durunge udan wengi. Udan e deres banget nganti howo adem tak rasakno melbu ing sakjroning rogo.
Wengi iku rasane sepi banget lan  ora ono suara ananging mung suoro udan bledek. Wengi iku aku mung bisa maca  buku kumpulan puisi ing mengkono aku neresepi makna puisi kui puisi genre romantis. Uapik tenan opo seng tak woco kui. Aku seneng banget karo puisi iku. Moro-moro ono suara mlakune wong  lan ngageti aku soko mburi. Dadakne adikku nawani aku telo anget karo teh anget.
“ Mbak… samean lapo?” jare adik.
“Astaghfiruallah… dik ono opo?” aku ngomong karo adikku.
“Ikilo mbak ono telo karo wedang teh anget gawe smean” Jare adik.
“Hem talah… suwon yo dek” Jare ku.
Aku tambah semangat ngelewati udan wengi iku, dikancani telo lan teh anget. Udan wengi iku udang seng dowo ora ono terange udan iku wes gak kerosoaku moco buku nganti jam 11wengi. Mripatku wes sayu ora kuat maneh ndeleng buku seng tak gowo, banjur tak tinggal buku kui lan tak seleh  ing mejo blajar. Aku lemah – lemah ing dukur kasur karo ngiling- ngiling untain puisikang romantic iku.
Udan iku tak rasak-rasakno tambah deres wae… mula aku ora bisa turu banjur akumek lemah karo ngrangkai puisi kayata ing sakjroning buku mau.
Koe seng melbu ono ing uripku
Koe seng trisno marang aku
Nanging, koe ora bisa ngungkap
Kembang mekar wangi semerbak
Sing tak rasake koe trisno marang aku
Udan iki kayata rutuh nanging ono titipane
Gemercik banyuki kayata dadi saksi trisnomu.
Wengi iku wengi seng dowo turuku mulai pas marine rangkaian puisiku dadi ing jero atiku lan pikiranku. Nganti akuwes krosoudanwengi kae mung karek grimis e ora sederes mau. Roso adem wes ganti dadi roso howo seng penak ora bisa di utaraake rasane. Nganti ikulah udan wengi kang apik ing sakjroning wengiku.

Komentar