Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen
suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo
nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina
kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya
biasane, aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan
sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran
wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora
kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung,
saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas,
ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita
pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule :
“NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo
banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe
ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing salah sawijining dina, andi ngomong
karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok nggo opo
to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh
Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo
rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah
kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO
(deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh
Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso
mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo
ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur
menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise
ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI”
karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi
banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati
mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone
bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho
ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe
kancaku ngguyu.
Komentar
Posting Komentar