“Lomba Sekolah”



Ing sawijining dino, Dwi lan rencang- rencang podo ngrembug bareng ing sekolaha. Gunane kanggo ngrembug masalah lomba kang bakal dilaksanakake kanggo mengeti dino kemerdekan RI, yoiku tanggal 17 Agustus 2018. Dwi kang dadi Ketua OSIS ing SMA Wahidiyah tahun iku wes n grancanakno lomba-lomba kang nambah kreatifitas lan kekompakan e para siswa, lomba kuwi yaiku lomba nggambar kang temane kudu sesuai karo kemerdekaan, lomba tarik tambang, lomba klompen, lomba mangan krupuk, lomba catur lan sapanunggalane,
“ Rek, mene lomba e wes dimulai, jam 09.00 panitiane ojo nganti telat” ujar Dwi
“Iyo wi, ojo nganti lali mugi mugi diparingi lancar”ujar rencang liyane.
“AMIN”
         Sawise iku, sesok dino seng dienteni jam 06.30 para siswa isuk para siswa-siswi SD,SMP Nganti SMA wess podo teko lan siap –siap melu upacara bendera kanggo mengeti Hari Kemerdekaan RI, Upacara berlangsung karo khidmadlan hening, sawise upacara bendera sekitar jam 09.00 para siswa siswi langsung persiapan melu lomba – lomba kang wes direncanakake karo pihak OSIS. Dwi lan rencang – rencang OSIS liyane podo nyiapake perlengkapan, panggonan lan peralatan kang dibutuhake kanggo lancare lomba kuwi.
          Lomba pun di mulai,  Dwi kang dadi koordinator langsung siaran lan noto alur lomba iku mau,
“para siswa siswi SMA sakniki lomba kang kawitan, yaiku lomba tarik tambang, untuk perwakilan kelas monggo maju ing asal suara”ujar Dwi
Lomba dimulai  lan berjalan seru banget amarga, perkelas nduweni kekompakan dewe - dewe para siswa siswi podo antusias lan podo sorak sorai melu lomba kasebut, ora mek lomba tarik tambang ae lomba klompen, lomba mangan krupuk dimelui nganti seneng,


Nanging ing tengah tengah lomba, siswi seng jenenge Suci kelas X SMA, moro-moro tibo kesandung naliko melu lomba klompen, sikile gak iso mlaku lan deweke nangis akhire Dwi lan rencang rencang e nggowo Suci nang UKS, lan sawise iku Pak Kepala Sekolah nyeluk dwi ing kantor.
Ing kedadean iki Dwi diseneni karo Pak Kepala Sekolah
“wayahe lek ono acara lomba, kudu enek seksi kesehatan e supoyo para siswa      kang ora sehat iso diwenehi obat.” Ujar Pak Kepala Sekolah
“Nggeh pak, ngapunten,! Acara niki wau ancen wau ancen mboten wonten seksi kesehatan e!” ujarku
“la ngunu kuwi, ojo dibaleni maneh”ujar Kepala Sekolah
“nggeh pak!”
Sawise iku, Dwi lan rencang rencang e njaluk sepuro marang Suci atas kejadian.

Selesai
Nama : Zauharotul Magnunah
Kelas : XII (Dua Belas)

Komentar